Info Sekolah
Monday, 10 Feb 2025
  • SELAMAT DATANG DI WEBSITE SMP NEGERI 15 YOGYAKARTA

GEGURITAN – ISTUTIK, M.Or.

Thursday, 9 February 2023 Oleh : Admin Sekolah

 

Nalikaning sang hyang bagas koro wis wunggu,  

suryane suminar wonten ing bang wetan.

Lumaku sang hyang bagaskoro, alambeyan asmara ening.

Gumiring lelakuning sang hyang condro, sare wonten ing bantolo.

Ka iring kumandangi swaraning kukila.

Ing limo oktober warso siji songgo songgo papat.

Ingsun dadi saksi Mijiling sawijining pamulangan,

kanti waluyo jati, klawan marsudi hayuning budi,

Akaryo senseming nolo, gembiraning wardoyo,

gumawaning panggageng roso,

SMP NEGERI Gangsal welas Ngayogyakarto kasebat ing nusantoro.

Tetenger ngupadi ing alam donyo, tut wuri pangarep arep lan dedonga,

Nalikaning tumito ing alam donya, dadio pamulangan kang miguno,

Tumraping agama, sesomo, nuso bongso lan donya.

Kanti alandasing budi suci, manembah mring garsaning Gusti,

Asih tresno mring sesami.

Pan iku dadi watonipun, Adoh marang kanistan, Ing janji tan mbelenjani,

Tatag tangguh, saguh ing sabarang karyo.

Oktober nemahi dino kalimo iki,

Kairing lakuning ratri, Rino lawan wengi kang gilir gumanti,

Nora kroso sa prosakawan abad kalakoni, Kanti suko bahagiyo hanemahi

Nuwuhake pinuwun mring Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Kanti tambahing yuswamu iki, panyuwun ingsun……..

Mugi-mugi Sang Yang Widi wasa paring yuswa kang migunani

Tumraping pribadi tuwin asesami,

Tenebihno saking songko kola lan rubedo kang yekti,

Kalis ing sambikolo mring sedoyo margi

Mugi mugi Sang yang Widi tansa gijabahi ugi anggayomi.

Aamiin.

Sugeng ambal warso kaping saprosekawan abad Pamulangan SMP Negeri 15 Ngayogyakarto,

Matur  nuwun.

No Comments

Tinggalkan Komentar

 

Pengumuman

Diterbitkan :
GLADI WIDYA WIDITA PUTARAN KEDUA SEMESTR GENAP – LITERASI BAHASA INDONESIA
Diterbitkan :
P5 TEMA BANGUNLAH JIWA DAN RAGANYA KELAS VII DAN VIII
Diterbitkan :
JUMAT KARAKTER – JUMAT SEHAT

Mading Sekolah

 

 

 

 

 

Video Terbaru

Follow Us

SMPN 15 Yogyakarta

RELIGIUS, BERPRESTASI, PEDULI, DAN BERWAWASAN IPTEK

Kontak Sekolah

  • Jl. Tegal Lempuyangan No 61, Yogyakarta
  • (0274) 512912 (Office)
  • mabelta@smpn15yk.sch.id

Sosial Media

Pengumuman

Diterbitkan :
GLADI WIDYA WIDITA PUTARAN KEDUA SEMESTR GENAP – LITERASI BAHASA INDONESIA
Diterbitkan :
P5 TEMA BANGUNLAH JIWA DAN RAGANYA KELAS VII DAN VIII
Diterbitkan :
JUMAT KARAKTER – JUMAT SEHAT
Diterbitkan :
JUMAT KARAKTER – JUMAT RELIGI

Agenda Kegiatan

03
Jan 2025
waktu : 07:00
12
Dec 2024
waktu : 07:00
11
Dec 2024
waktu : 07:00